Kamis, 03 Maret 2011

AKSARA JAWA

Aksara Hanacaraka

Aksara Hanacaraka iku bisa dipérang dadi pamérangan gaya Jawa utawa gaya Sangskreta. Ing ngisor iki loro-loroné kapacak. Nanging sing kapacak ing ngisor iki aksara Hanacaraka baku gaya Jawa.

Pamérangan gaya Jawa

Basa Jawa bisa dipérang dadi pirang-pirang jinis.

Aksara nglegena

Aksara Hancaraka gaya Jawa
Ing aksara Hanacaraka, aksara nglegena cacahé ana 20. Aksara iki kabèh nglambangaké foném-foném basa Jawa.

 Sandhangan swara

Sandhangan swara
Sandhangan swara iku ngowahi swara saka foném /a/ ing aksara nglegena ing swara liyané.

Sandhangan panyigeging wanda

Sandhangan panyigeging wanda iku sandhangan sing nggawé sigeging wanda utawa matèni swara. Sandhangan iki ana: layar, wignyan, cecak lan patèn.
Layar
Layar iku mènèhi foném /r/ ing sawijining aksara
Wignyan
Wignyan iku mènèhi foném /h/ ing sawijining aksara
Cecak
Cecak iku mènèhi foném /ŋ/ ing sawijining aksara

Sandhangan wyanjana

Sandhangan wyanjana iku cacahé ana telu lan diarani cakra, keret, lan péngkal.
Cakra
Cakra iku mènèhi wanda /ra/ ing sawijining aksara. Aksara sing wis ditambahi cakra uga bisa didokoki sandhangan swara manèh.
Keret
Keret iku mènèhi wanda /rě/ ing sawijining aksara.
Péngkal
Péngkal iku mènèhi wanda /ya/ ing sawijining aksara, mèmper cakra. Aksara sing wis ditambahi cakra uga bisa didokoki sandhangan swara manèh, ya kaya cakra.
Paten (Javanese script).png
Patèn utawa pangkon
Patèn utawa pangkon iku kanggo matèni sawijining aksara supaya ora ana swarané manèh. Sing kéri mung konsonané utawa wyanjanané.

Pasangan aksara

Pasangan aksara Jawa
Kabèh aksara uga nduwé sawijining pasangan sing bisa 'matèni' aksara sadurungé.

Aksara swara

Aksara swara
Aksara swara iku aksara swatantra sing nglambangaké vokal bébas. Ing Hanacaraka aksara iki yaiku: a, i, u, é, lan o. Banjur re (diarani pa cerek) lan le (diarani nga lelet) uga diarani aksara swara. Alesané amarga ing basa Sangskreta "re" lan "le" sing tinulis lan , kaanggep aksara swara. Mulané ora ana aksara swara sing nglambangaké pepet amerga ing basa Sanskreta ora ana pepet.

Aksara murda

Aksara Murda
Aksara murda ing panggunan basa Jawa saiki biasa dienggo dadi kaya déné huruf gedhé ing aksara Latin utawa dienggo nulis jeneng-jeneng sing dimulèni utawa dikurmati. Aksara murda uga diarani aksara mahaprana. Sajatiné aksara iki uniné béda karo sing lumrah, amerga mula-mulané piridan saka ing basa Sangskreta. Nanging tumraping basa Jawa dianggep pada waé pocapané, mung gunané dadi séjé.
Ing dhuwur iki bisa dideleng yèn ora kabèh aksara nduwé aksara lan pasangan. Banjur aksara sa ana loro cacah jenisé. Tulisan sa- ngrujuk ing aksara sing diarani sa kembang.

Aksara rékan

Aksara rékan
Aksara rékan iku aksara-aksara Hanacaraka sing ditambahi tandha dhiakritik arupa cecak telu. Cecak telu iki karepa kanggo "ngréka" foném-foném saka basa ngamanca, utamané basa Arab. Mula diarani aksara rékan. Aksara rékan iki wujudé ora béda karo aksara biasa namung ana cecak teluné waé. Yèn ora ngerti pocapané, aksara rékan iki bisa diucapaké miturut pocapan Jawané.

Angka

Angka Jawa
Hanacaraka uga nrapaké angka-angka dhésimal.

Pada

Pada iku tandha-tandha kanggo nulis.

KUMPULAN GEGURITAN

Enget Gusti Kang Peparing

Para kadang mitra sing padha mirsani layar kaca
Kabar sing kita ngerteni ing saben ndina
Anane mung musibah, ya banjir.... ya lemah longsor .....
Ya tabrakan .... ya merga kaaningaya ....
Sing kabeh mau mesthi nggondhol nyawa
Asihing paseduluran, raketing kekadangan... Oh saiki kabeh wis musna
Mbarengi ilang kumandhange Panca-Sila
Sing dadi dhasar lan adeg-adeging nagara kita
Yen manungsa wis padha kelangan katresnan lan welas asih
Apa sing bakal dumadi ing negara iki sing nandhang lesut lan nglentrih?
Manuk-manuk kelangan panunupan wis ora padha keprungu ngoceh
Ning ganti manungsane sing dedreg rame bobrah-babreh
Kabeh ngaku pinter......, kabeh ngaku pener ... lan bener. Ning piye nyatane?
Dhuh Gusti ingkang Murbeng dumadi
Paringa aksama dhateng titah Paduka manungsa sadaya
Paring dalem pepeling kawula tampi kanthi manah wening
Supados kawula tansah enget dhateng Gusti ingkang peparing



Tangise Bumi Pertiwi

Nalika aku lagi nganggit gurit sing ndak tulis iki
Ing pangrunguku sing lamat-lamat nggriyeng panangise Bumi Pertiwi
Nangisi bangsaku, sing saiki awatak srakah wengis lan mentalan ati
Denea kok jebul wis padha kelangan kamanungsan lan ati nurani ?
Yen panemu sing cengkah njur gampang dadi crah dadi uredah, yen ati wis bruwala tegel ngobong omah.
Merga meri kabegjane sesami, njur thukul rasa drengki, nganti tega gawe pepati
Rerusuh, sara, njalari getih seger wutah, mblabar ing ngendi-endi.
Oh ….. mripat-mripat kuwi wis padha wuta, tanpa welas nyawang bocah lan bayi sing digawa mlayu ngungsi.
Seneng nyipta swasana sing maune tentrem dadi onar, bungah yen ana wong tetangisan, kamigilan lan keweden.
Apa ya iki ta sing pada diarani akses reformasi ?
Mbok padha mawas dhiri, apa ora kebablasen ta, olehe padha negesi ?
Mangka sakawit, ing pangangkah ha rak mbudidaya murih rakyat kerta raharja lan murah rejeki.
Ning piye ta nyatane ? Dina-dina sing rinungu kok mung warta pangrodapeksa, akehe durjana, kawiyake tindak culika sing nggondhol nyawa, lan kabeh warta sing bisa gawe giris lan mirise nala.
Wis-wis saiki eling, Gusti wis akeh paring pepiling lan uninga,
Ya kanthi anane bencana sing jumedhul ing saindhenging Nuswantara sing maneka warna.
Ayo, saiki ngakehi ndedonga dimen kalis ing sambekala.
Nyusun slamet, slamet, slamet, sakulawarga, sarta sakeh kadang lan kabeh pawong mitra.
Amin … Amin … Amin.




Pasrah

Kalaning sepi ngrintih tangisku jroning kalbu
Sumangga katiyungna asta Paduka dhuh Gusti, murih tentrem manah kawula
Tangising ati trenyuh pindha tembang megatruh
Ngapa aku kudu ngadhuh, yen lelakon kudu tinempuh ?
Senajan lakune prauku iki wis keplantrang
Nanging pandomku isih ngegla ing tawang
Ora ilang anggonku tansah nderes roncening rosari
Sing kuwawa gawe ayem lan tentreming ati

Janji bun esuk isih tumetes ing bumi
Aku percaya yen pang garing sing ndak enciki bakal semi
Marang samodra lan langit biru aku rangu-rangu
Denea ombakmu nyempyoki ngrerendheti lakuku
Mangka gisik durung mantra-mantra katon
Banjur mbesuk kapan binuka lan badharing lelakon ?
Ati iki bisane mung pasrah … sumarah ……….
Nduwa sesanggan lan nulak kumlebate karep rakah
Dhuh Gusti, namung Paduka prajaring pamothah lan dununging panembah


NGUDI AYEM TENTREM 


Senajan numpuk bandha lan rajabrana, durung karuwan gawe ati mulya
Durung mesthi duwe omah gedhong magrong-magrong, atine sing manggon iku bombong
Lha piye yen entuke kabeh mau sarana dalan sidhatan ... laku slundhitan
Seneng nyaut darbeking liyan, dumeh kuwasa, lan entuk kalodhangan
Eling yen kabeh mau Pangeran sing mernata lan paring pinta
Laku dudu, kesrakahan, pethekosan, gegayuhane bakal cabar ora ketekan
Barang ala mono, ditutupana, suwe-suwe bakal kawiyak lan sumebar warata
Becik sregep makarya, mbudidaya, kanthi lugu lan prasaja, Pangeran mesthi paring marga
He para kadang lan para putra, ayo kita nyawiji, rukun, saiyeg saeka praya
Ngudi samubarang sing luhur lan suci, nyingkiri laku ala lan nistha
Sing isih mudha, rosa lan sembada, aja ketungkul suka parisuka
Jangkahmu isih amba, dina ngarepmu isih bawera, terusna mbudidaya
Dimen kecekel gegayuhanmu, urip mulya, tinresnan ing kadang mitra
Nyukuri kabeh peparinge sing Kuwasa, apa wae sing wis kita tampa
Kebak pasrah lan sumarak, bakal ayem tentrem urip kita
Pinaringan tutug momong garwa putra, lan marang para wayah paring pitutur lan tuladha
Yen kabeh wis kacakup urip ayem tentrem bakal kasalira sok sapaa


Ngadhepi Panguripan

Ngadhepi rekasaning urip sing waktu iki pancen gawe sumelang melang-melang
Reregan kabeh mundhak ndedel madhani awang-awang
Gek kebutuhan urip, panjaluke isi weteng ngelih, ora bisa dinyang
Kayata kumliking weteng tansah keprungu ngumandhang
Mangka kahanan wis ora ana sing kena disawang
Njur iki tekan kapan ?, apa sing bisa tak tindakke ?
Wong nyatane ya akeh kancane, sajake ya padha penandhange
Ngapa aku kudu sumelang ..... wedi lan bingung ?
Toh aku nduwe gondhelan sing bakoh lan santosa
Gusti ora sare ......., tansah midhangetake panyuwune umate
Janji aku tansah jumengkah, mbudidaya lan ndedonga
Pangeran bakal tansah peparing apa kang sinedya
 





 

 

TEMBANG JAWA

Kawruh Tembang Jawa (Macapat)


1. Maskumambang :
Gambarake jabang bayi sing isih ono kandhutane ibune, sing durung kawruhan lanang utawa wadhon, Mas ateges durung weruh lanang utawa wadhon, kumambang ateges uripe ngambang nyang kandhutane ibune.


2. Mijil :
ateges
wis lair lan jelas priya utawa wanita.


3. Kinanthi
saka tembung kanthi utawa tuntun kang ateges dituntun supaya bisa mlaku ngambah panguripan ing alam ndonya.


4. Sinom
tegese kanoman, minangka kalodhangan sing paling penting kanggone remaja supaya bisa ngangsu kawruh sak akeh-akehe.



5. Asmaradana
tegese rasa tresna, tresna marang liyan ( priya lan wanita lan kosok baline ) kang kabeh mau
wis dadi kodrat Ilahi.


6. Gambuh
saka tembung jumbuh / sarujuk kang ateges yen
wis jumbuh / sarujuk njur digathukake antarane priya lan wanita sing padha nduweni rasa tresna mau, ing pangangkah supaya bisaa urip bebrayan.


7. Dandanggula
Nggambarake uripe wong kang lagi seneng-senenge, apa kang digayuh biso kasembadan. Kelakon duwe sisihan / keluarga, duwe anak, urip cukup kanggo sak kaluarga. Mula kuwi wong kang lagi bungah / bombong atine, bisa diarani lagu ndandanggula.


8. Durma
Saka tembung darma / weweh. Wong yen wis rumangsa kacukupan uripe, banjur tuwuh rasa welas asih marang kadang mitra liyane kang lagi nandhang kacintrakan, mula banjur tuwuh rasa kepengin darma / weweh marang sapadha - padha. Kabeh mau disengkuyung uga saka piwulange agama lan watak sosiale manungsa.


9. Pangkur
Saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah kepingin weweh marang sapadha - padha.


10.Megatruh
Saka tembung megat roh utawa pegat rohe / nyawane, awit wis titi wancine katimbalan marak sowan mring Sing Maha Kuwasa.


11.Pocung / Pucung
Yen wis dadi layon / mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong sak durunge dikubur.

MITHE

ARWAHE MULIH NANGIS NJALUK ADUS


Aku isih kelingan, yen entukku crita saka kancaku iki nalika aku isih ana SMA ngarepake ujian. Ewa semono aku isih kelingan banget. Mungguh critane kancaku mau mengkene.
Ing ndesane kancaku Karang Sari Surabaya kana, ana bocah kekancan wiwit isih ana SD nganti wektu kuwi wis dha lulus SMA. Gandheng dhek jaman semana, yen wong golek gaweyan kuwi ya wis angel kaya saiki.
Arman lan Wanto ngono jenenge bocah sing padha memitran kuwi wiwit cilik, ya kaya bocah-bocah liyane. Janji ngerti ana lowongan gaweyan, bocah kuwi gage-gage gawe lamaran. Semangate ndang bisa nyambut gawe makantar-kantar, ngelingi yen dheweke (bocah loro) kuwi padha-padha anake wong ora duwe. Batine daya-daya enggal kepingin ngentheng-enthengi bebane wong tuwa, wong nyatane bocah loro kuwi ya isih padha nduwe adhi. Arman adhine loro isih SMP lan SD, dene Wanto adhine mung siji isih ana SMA lagi wae mlebu. Bocah loro kuwi ngerti banget marang rekasane wong tuwa, olehe tanggung jawab nguripi lan nggolekake wragad kanggo sekolahe anak-anake.
Rekane bocah kuwi ndang kepingin rewang-rewang wong tuwane. Pirang-pirang lamaran sing wis padha dikirimake, ning ditunggu wis nganti setaun, kok ora ana panggilan. Kanggo ngisi wektu-wektu kosong, ora isin lan ora sungkan Arman lan Wanto njegur sawahe uwong perlu buruh macul, leb, tandur lan matun. Mengko yen sore mulih, pituwase padha diwenehake wong tuwane. Ngono iku nganti sawetara suwene, karo ngenteni mbokmenawa ana layang panggilan kerja.
Ing wayah sore, bubar surup Arman dolan neng nggone Wanto, ngepasi Wanto lungguh dheleg-dheleg neng lincak ngarep omahe. Weruh tekane Arman, Wanto gage-gage methukke karo ngacarani lungguh ing lincak kono. Bocah loro banjur omong-omongan. Wanto sing ndhisiki rerasan :
“Piye ya Ar, awake iki? Apa sajege ya mung arep dadi wong buruh macul? Mangka yen dietung ya rekasa tenan jare. Dhuwit telung puluh ewu sedina mbethethet saka esuk tekan sore,” Arman mangsuli kanthi tanpa greget :
“Lha witikna piye? Yen nuruti rasa, aku ya wegah banget kok, macul kuwi rak gaweyan kasar tur abot. Haning apa awake dhewe arep nganggur methekur?” Wanto ora mangsuli, wusanane bocah loro meneng….amem. Sajake padha ngumbar gagasane dhewe-dhewe. Bareng wis sawetara Arman ganti mbukani rembug tembunge :
“Gelem pa To awake dhewe mbecak wae, mengko aku tak nembung babahe Kosing?”
“Wah…aku durung bisa ki Ar nglakokke becak, abot lho kae setangane?”
“We lha ya nganggo ajar dhisik no, nek iya aku tak kandha bah Kosing, ya blaka, entuk ora nek nyilih nggo ajar dhisik.”
“Ya wis lah aku manut.” Wanto sumaguh. Esuke Arman sida nembung bah Kosing ngandhakake apa karepe. Senajan Cina, bah Kosing kuwi wong apikan tumanggape marang kabeh sing nyewa becake, gapyak sumanak tur ngerti tenan watake bocah loro kuwi, wong nyatane tunggal kampung, nuli kandhane :
“Bolih…bolih. Ha ya buat belajal dulu nggak apa-apa, bial kamu bisa kelja. Kamu bolih pilih becak mana yang kamu sukai untuk belajal.….haya oe lela aja.” Ngono kandhane Cina kuwi celat-celat. Arman lan Wanto banjur milih becak sing pengkuh lan rupane isih katon anyar. Kanthi dieweng-eweng bocah loro becak kuwi diwetokake saka platarane bah Kosing sing jembar lan kebak becak sewan kuwi, digawa mulih neng omahe Arman. Ya wiwit kuwi, bocah loro gentenan ajar nglakokke becak neng lapangan. Bareng wis sepasar lan wis rada apal njur ajar neng lurung-lurung kampung. Bocah loro kuwi wis sarembug mengko yen wis bisa tenan, karo mbalekke becake bah Kosing arep diwenehi sekedar sewa becake sajrone kanggo ajar. Tenan bareng Arman lan Wanto wis rumangsa bisa, becak dibalekake. Bah Kosing diulungi dhuwit minangka tandha atur panuwun, ning bah Kosing emoh kandhane :
“Ha ya oe nggak mau tlima uangmu. Nggak usah kamu belum punya dhuwit, nanti aja kalau kamu udah mulai talik becakku, oe mau tlima uang sewa,” Kandhane Cina kuwi karo ngguyu.
Bocah loro bola-bali olehe matur nuwun banjur mulih. Minggu candhake Arman lan Wanto teka maneh neng omahe bah Kosing, niyate dina kuwi arep wiwit narik becak. Wis padha sarembug, yen Arman arep narik esuk, dene Wanto arep narik sore tekan bengi. Bah Kosing nglilani, becak banjur digawa. Tekan njaba Wanto kandha :
“Wis kene Ar, saiki aku sing dadi tukang becake, kowe lungguha kaya penumpang. Aku tak wiwit praktek tenan.”
“Ning ngati-ngati lho To, adate kowe ki sok nekat.”
“Ora wis Ar, aku wis bisa tenan kok,” Arman munggah jok, Wanto mapan neng sedhel becak, becak wiwit mlaku neng ratan gedhe. Dalane pancen lempar tur aspale rata, mula Wanto gayane ya kaya wis mahir kae. Anggone mubeng-mubeng wis ana setengah jam, kringet wis gobyos, mula niyate becak arep digawa mulih, ganti Arman sing arep miwiti narik dina kuwi.
“Dalan sing mlebu neng kampunge kuwi ndronjong tur tikungane tajem. Wanto lali, tanpa ngurangi playune becak sing ndronjong kuwi. Saka arah liya ana mobil tengki minyak sing dumadakan njedhul saka tikungan kuwi tanpa klakson. Wanto gragapan kaget, ning becak wis kebacut mblandhang njur nabrak tengki minyak sing gase gedhe merga dalane munggah. Swara tabrakan cukup sero sing gawe kagete sakiwa tengene papan kono. Becak mungsuh mobil tengki, sepira banggane? Arman mencelat adoh tiba neng aspalan kuthah getih. Dene Wanto ndekem neng ngisor ban mobil nglumpruk, kekarone wis ora obah-obah.
Regudug…wong-wong nyedhak lan tandang tetulung, kanyata Arman lan Wanto wis nglengger. Nalika digawa ning RS, lagi tekan ndalan lelorone wis ora ana (ngajal). Mula jisim ora sida digawa neng RS, ning diterake bali ning omahe.
Gandheng kurban kahanan kekarone wis gobrah getih, kulawarga lan wong-wong kampung ora tegel ngedusi. Mula tetuwa kampung kono mutuske, yen jisim terus wae dibuntel, diupacarani sawetara banjur dikubur. Dina kuwi wong-wong Desa Karang Sari ubur, padha ngandhakake Arman lan Wanto, lelakone wiwit cilik tekan ngajal kok tansah bebarengan.
Tan kocapa, pas telung dinane, wong-wong desa kono angger bengi krungu swara ngrintih, swarane bocah loro sing tetangisan tembunge memelas:
“Aku njaluk adus…. Ngapa aku cah loro ora padha mbok dusi? Saiki aku njaluk adus….aku njaluk adus….” Ngono panangise.
Tangis mau nganti bar dipitungndinani isih terus wae keprungu pendhak lingsir wengi, gawe angles lan tintrime wong sadesa. Mula banjur digolekake wong pinter. Wong mau ngakon marang warga desa, kanthi manut kapitayane dhewe-dhewe dikon ndongakake, lan nyuwunake pangapura. Dene yen uwis wong-wog dikon tuku kembang setaman dhewe-dhewe. Pendhak wong nggawa banyu saember dicemplungi kembang mau, banjur kanggo nyirami makame bocah loro kuwi.
Wengi sing wis ditemtokke, wong sadesa bareng-bareng nindakake pakone wong pinter mau, dadi ya rame banget kae.
Ning anehe, sabubare iku, wis njur ora keprungu swara tangis njaluk adus maneh. Ngono critane kancaku mau. Dene pitados lan orane, sumangga para maos.
Tamat

CERITA CEKAK

Setya Ing Janji


Dhek biyen ing desa Bendhoagung, ana sawijining sudagar sing sugih banget. Sawahe pirang-pirang hektar neng dhaerah sing adoh saka omahe, olehe lelang wong tuwane dhek isih urip. Mula ora mokal yen sugihe ora mekakat, kejaba entuk warisan saka wong tuwane, pak Sudagar kuwi dhewe ya ulet nyambut gawe, lan ubet anggone laku dedagangan.
Pak Sudagar mau jenenge pak Harjo Utama, jumbuh karo wonge sing becik bebudene, tinresnan ing tangga teparo lan para buruh-buruhe.
Eman, pak Harjo sing wis ndungkap tuwa iku urip ndhudha, trima momong anake lanang sing ontang-anting kuwi, sing saiki wis umur limalas tauh, jenenge Prawoto. Bojone ngajal konduran ya nalika nglairke Prawoto kuwi. Senajan sejatine, akeh wong wadon sing gelem dipek, kepara padha ngunggah-unggahi pak dhudha sugih kuwi, ning pak Harjo sing ora karep nduwe bojo, trima momong anak sing banget ditresnani kuwi.
Sudagar Harjo trima diladeni rewange sing jeneng mbok Umbruk, sing anggone nyuwito wiwit Prawoto isih cilik. Kejaba kuwi, pak Sudagar ya nduwe rewang sing setya bekti, sing momong Prawoto nganti saiki ya kuwi Paijo. Bocahe sregep ing gawe, jujur atine, tansah bisa ngenaki atine sapa wae, sing tundhone akeh wong sing seneng lan asih marang dheweke.
Paijo wonge prasaja lan lugu, ora seneng goroh lan tindak lamis. Sing marahi pak Sudagar Harjo banget tresnane marang Paijo, prasasat kaya karo anake dhewe. Apa wae kahanane, ya bandha-bandhane lan kabeh kasugihane, pak Sudagar mung blaka marang Paijo. Dadi Paijo ngerti kabeh thek kliwere omah kasudagaran kuwi. Ewa semono, sithik wae ora ana pepenginan arep njupuk … milik kanggo pribadhine ing mengkone, babar pisan blas … ora ana.
Anane mung ngestokke apa dhawuhe juragane sing didhereki. Semono uga pangrengkuhe Prawoto marang Paijo, wis kaya karo kakangne dhewe. Prawoto wis tita tenan karo apa sing diucapake Paijo, kabeh mesthi becik lan bener. Mergane, angger Paijo wis elik-elik karo apa sing arep ditindakake Prawoto njur diterak/dilanggar, karep-karepe Prawoto nemu kesusahan utawa kasangsaran.
Rumangsane Prawoto, Paijo mono pinaringan kaluwihan dening sing paring urip, yaiku indera kaenem. Buktine yen arep ana apa-apa, Paijo mesthi wis bisa maca sasmito luwih dhisik, upamane : Ing wayah esuk, ing ngarepan ana manuk prenjak ngoceh, njur Paijo kandha :
“Mas Prawoto, ampun tindakan tebih, mangkeh ajeng onten tamu, jebul ya tenan, paklike sing saka adoh teka. Upamane maneh : Lagi padha jagongan, kok padha mambu kunir, Paijo kandha :
“Mas Woto, sedhereke onten sing bobot napa ?, niki kadose kok babaran. E ya tenan, sorene entuk tilpun, yen sedulure nak-sanak sing neng Jakarta babaran.
Merga wis bola-bali tansah ngono, mula apa wae sing ditandangi Paijo, Pak Sudagar lan Prawoto ora tau wani nyanthulani. Awit kabeh percaya, yen sing ditindakake kuwi mesti becik lan bener. Kabeh buruh-buruhe pak Sudagar padha ngajeni lan ering marang kejujurane Paijo, lan setya bektine marang juragane, mula anggone nyambut gawe uga padha tumemen, sengkut lan jujur.
Sing jeneng menungsa mono pancen mung saderma, ndherek kersane sing anyipta. Kabeh menungsa kuwawa ngrancang apa wae sing dikarepake, ning ya kuwi sing jeneng pesthi, mung Gusti kang Maha Suci sing kagungan.
Sudagar Harjo sing banget tresnane marang putra, banget nggegadhang murih putrane mbesuk bisa nerusake sejarah uripe. Bisa marisi wong tuwane, dadi sudagar sing kondhang sing becik atine, lan tinresnan ing sapepadhaning tumitah.
Ing sawiji dina, pak Harjo gerah, ora kurang-kurang Prawoto, Paijo, lan buruh-buruhe padha ngupadi tamba, ning ketoke kok ora ana asile. Mundhak dina larane mundhak nemen, nganti awake mung keri lunglit merga ora doyan mangan lan ngombe.
Nalika kaya badatan, Paijo sing tansah leladi lan ngrumat iku nyedhak, pak Harjo aweh sasmito supaya Paijo luwih nyedhak maneh. Kanthi suwara sing sasat mung kumlesik kuwi, pak Harjo kandha :
“Jo … Paijo!, aku arep weling karo kowe ya!” Paijo luwih nyaket maneh njur takon :
“Badhe ngendika punapa juragan?” Sawise nata ambegan sudagar Harjo kandha :
“Jo, rasane awakku kok kaya wis ora kuwat maneh. Mula aku weling karo kowe, samangsa aku kapundhut dening kang murba urip, aku pasrah Prawoto anakku, jaganen kaya kowe rumeksa marang aku. Tuduhna dalaning bebener lan kautaman, lan kabeh deduwenku sing mbok ngerteni kandhanana, uga omah saisine iki. Amung aku weling, ana kamar siji sing ora kena mbok bukak, sadurunge Prawoto diwasa tenan, mengko mundhak dadi mothah, kowe sing kuwalahan.”
Paijo bisane mung sandika dhawuh, jroning ati, prasetya bakal mundhi dhawuhe juragane kanthi temen-temen. Lan tenan, ora let suwe, sudagar Harjo sida seda kapundhut dening ingkang Maha Kuwaos.
Apa dhawuhe juragane diestokake. Prawoto dhewe gumun, dene Paijo sing mung atase rewang, kok sasat ngerti kabeh thek kliwering omah lan bandha kasudagaran. Mangka, Prawoto dhewe ora ngerti.
Sing digumuni, denea ana kamar siji sing ora kena dibukak?, njur ana apa?. Bareng wis ana limang taun sasedane bapake, rumangsa saiki wis diwasa tenan merga wis umur selawe taun, Prawoto kandha , njaluk supaya kamar winadi kuwi dibukak. Ngerti momongane wis diwasa tenan, Paijo uga nyaguhi panjaluke momongane kuwi, kandhane :
“Mas Prawoto, kula sagahi mbikak kamar, ning mbok inggiha mangkeh dalu kemawon, sasampunipun sepen, sedaya berah sampun sami tilem.”
“Iya kang Paijo aku manut.” Kandhane Prawoto nurut. Wengi sareng buruh-buruh lan rewange wis padha turu, Paijo ngajak Prawoto marani kamar larangan mau, sumedya dibukak. Paijo sing dipercaya iku, nuli ngetokke kunci saka sake, sing seprana seprene dirumat kanthi premati kuwi.
Bareng dibukak, wong loro kuwi mlebu, kejaba weruh kamar sing reget kebak bleduk lan sawang, uga weruh lukisan sing cumanthel ing tembok, Kenya ayu imut-imut sing ing lukisan tinulis, sing wis pitung taun kepungkur olehe nglukis utawa nyungging.
Mesthine yen saiki, Kenya kuwi wis cukup diwasa. Prawoto njinggleng, kedhep tesmak panyawange. Lagi weruh gambare wae wis kasmaran, mendak iba yen bisa weruh wong sing sanyatane.
Bareng lukisan kuwi dijupuk saka canthelan dililing dening Prawoto, kanyata ing sela-selaning pigura, ana layang sumlempit. Layang dibukak banjur diwaca, sing surasane nerangke yen dheweke iku putri saka pulo Selayar, putrane sudagar Pitrajaya, mitra dagange sudagar Harjo. Pulo iku dohe lakon telung ndina yen numpak kapal laku dedagangan. Pak Harjo lan Pitrajaya wis sarembug, yen mbesuk anake wis padha dene diwasa bakal dijodhokake.
Ngerti surasane layang, saya notol atine Prawoto sing saiki uga wis dadi sudagar sugih maris bapakne kuwi, kepingin enggal nglamar putri ing lukisan kuwi. Mendah sulistyane saiki sing wis diwasa, lagi pitung taun kepungkur wae, disungging wis kaya ngono endahe.
Paijo ugoa dingerteni surasane layang, lan tenan jebul, juragane enom Prawoto, mothah njaluk dilamarake. Paijo kinanthen buruh-buruhe banjur budhal lelayaran menyang pulo Selayar, saperlu nglamar putri Sekar Sumirat, ngono jenenge putri kuwi.
Ning iba kagete Paijo sak kancane, bareng krungu panjaluk pitukone wong tuwane ya pak Pitrojaya, ya kuwi, : gatheng saka emas lima sing bobote saben siji limang pun, dhakon ya saka emas sing bobote seket pun. Jare kuwi minangka dolanane putri Sekar Sumirat. Kejaba kuwi uga dandananing putri komplit kayata : gelang, kalung, suweng, ali-ali, bros, lan tusuk kondhe.
Dene minangka srah-srahan, Pitrajaya njaluk kapal dangang sing isih anyar gres, jare mbesuk kanggo mawiti anake kanggo dedagangan.
Paijo mbatin, apa dumeh sudagar gedhe, denea anake kaya didagang yen arep dipek uwong?
Sarehne Paijo mung minangka utusan, panjaluke pak Pitrajaya bakal diaturake karo juragane enom, ning batine Paijo mesakake marang juragane.
Apa ya ora bangkrut yen kanggo tukon wae wis semono akehe?. Mangka mesthine, rembuge karo suwargi juragan Harjo rak ya ora kaya ngono. Tekan ngomah, Paijo terus lapuran wigatine diutus, kabeh diaturake.
Prawoto atine legeg, denea semono gedhene pitukone? Ning gandheng gedhene ubaling asmara sing wis tan kena sinayudan, Prawoto kandha :
“Piye, kang Paijo, nek panjaluke kuwi dituruti wae?”. Sawetara Paijo meneng wae, ning njur mangsuli :
“Juragan!, punika rak namung pak Pitrajaya ingkang nyuwun, sinten ngertos namung badhe meres penjenengan? Sinten ngertos malih menawi putri Sekar Sumirat sumerep penjenengan ingkang Sigit punika, lajeng tresna tanpa ndadak gadhah panyuwun ingkang ingkang werni-werni.”
Ah … ning apa bisa, kang?”
“Sauger juragan nggega kaliyan pemanggih kula, temtu kathah kelampahanipun, kados pundi?”. Sudagar Prawoto, anane mung tansah manut miturut karo pamomonge sing setya bekti kuwi, wangsulane :
“Iya kang, aku manut waton aku kelakon nggarwa Sekar Sumirat.”
“Paijo seneng dene juragane manut karo panemune. Wusana Paijo nekani tukang mas, pesen gawe gatheng lima, saben siji limang gram, dhakon bobot seket gram, lan uga kalung gelang bobot sepuluh gram, ali-ali lan bros limang gram. Rampung iku banjur marani tukang kayu kang baut ngukir, pesen gawe kapal-kapalan sing diukir ngrawit, dawane seket senti lan dhuwure telung puluh senti meter.
Sawise kabeh dadi, sudagar Prawoto, Paijo lan sawetara buruhe banjur lelayaran tumuju ing pulo Selayar.
Genep telung ndina kapal wis mepet pelabuhan. Paijo mudhun nggawa penyanggon sing dipesen ya kuwi bros, suweng, gelang, ali-ali mata berliyan sing pating glebyar, dene Prawoto lan buruh-buruhe tunggu kapal ora mudhun.
Lakune Paijo njujuk ing taman kaputren, memba-memba wong bebakulan mas berliyan saka tanah manca.
Bareng wis ditemoni putri Sekar Sumirat, Paijo kamitenggengen anggone nyawang, jebul nyata, yen sulistya ing warna pindha widadari ngeja wantah, kayane kok cocok yen dadi sisihane juragane sing nggantheng kuwi.
Paijo nuduhi barang-barang mau, kontan putri Sekar kesengsem, lan arep diborong kabeh. Bareng arep didhuwiti, Paijo kandha :
“Putri!, kejawi punika, kula taksih gadhah dagangan dolanan saking emas, ning wonten kapal, dipun tengga juragan kula. Mangga tindak pelabuhan, mangkih wonten kapal saget mirsani warni-warni langkung sae.” Gandheng atine kesangem banget, putri Sekar Sumirat bebarengan Paijo tumuju pelabuhan lan banjur munggah kapal, tanpa ana abdi siji wae sing ngerti.
Tekan njero kapal dipethukake Prawoto, kanthi bungah sing tanpa upama. Paijo banjur nepungake yen iku juragane. Sawise jejagongan lan sudagar Prawoto, kabeh buruhe padha metu. Juragan Prawoto wiwit nuduhke barang-barange, putri Sekar banget sengsem lan senenge.
Prawoto kandha yen tanah asale akeh barang-barang endah kaya ngono mau. Malah yen gelem, barang-barang mau mung arep diwenehke, ora perlu dituku.
Saking sengseme dolanan barang-barang mau, tinambahan ngrungokake critane Prawoto mungguh tanah kelahirane sing subur makmur, nganti ora padha krasa yen meneng-meneng Paijo mbedhol jangkar, lan kapal wiwit mlaku menengah ninggalake pelabuhan lan pulo Selayar. Nganti wis lakon sedina kapal wis neng tengah segara, wong loro isih ketungkul olehe crita.
Putri Sekar, meneng-meneng jebul atine wis kethukulan rasa tresna karo sudagar Prawoto sing nyata ngganteng lan baut micara kuwi.
Malah nalika ditari Prawoto, apa gelem melu dolan neng tanah kelahirane, putri Sekar terus mangsuli gelem. Gene rong ndina ana kapal, putri Sekar lagi krasa yen kapal wis adoh ninggalke pulone. Ning atine rumangsa seneng wae, merga ing sisihe ana jejaka sing wis mlebu ing atine. Tekade, janji Prawoto ing sisihe, digawa neng ngendi wae manut.
Ora koyoa pak Pitrajaya sing kelangan anake, kekitrang olehe nggoleki, ning ditakokke rana-rene ora ana wong sing ngerti. Sarehne nduwe mitra jin, mula dheweke banjur njaluk tulung dikon nggoleki.
Jin malih rupa manuk gagak, gagak loro mabur dhuwur, banjur mencok ing pucuking layar kapale Prawoto, ngerti yen putri Sekar ana kapal kono, turon ing pungkone Prawoto. Gagak sing tuwa kandha :
“Wah iki tindak sing ora becik, asline jenenge wong nyolong, becike bakal ndak wales gawe cilaka.” Gagak sing enom takon :
“Piye carane ?.”
“Aku ngerti, yen Prawoto kae seneng numpak jaran, mula yen wis mudhun saka kapal, aku tak memba jaran, nyedhak dheweke ben ditumpaki. Yen wis numpak, tak gawa negar, tak tibakke ben dheweke sengsara.”
“Aku ya ngono, yen pambudidayamu luput kang, tekan ngomahe aku arep memba panganan sing enak-enak, neng meja dhahar kareben dipangan. Yen wis mangan dheweke mesthi mati, merga aku malih dadi racun.” Ngono kandhane gagak enom. Gagak tuwa kandha maneh :
“Nek caramu kuwi isih gagal, aku bakal dadi sandhangan sing diprada emas, yen dheweke nganggo utawa njajal, kegosok pradane mesthi awake dadi bosok, wong aku dadi wisa kulit sing mbebayani.” Gagak loro meneng, bareng wis sawetara, gagak loro kuwi kandha bareng :
“Sok sopoa wae sing ngerti rancangan kita iki lan medharake marang Prawoto ndak ipat-ipat dadiya watu (reca).
Gagak loro banjur mabur, embuh menyang ngendi. Paijo sing pinaringan kaluwihan indra kaenem, ngerti marang kandhane gagak, bab pangancame marang Prawoto anggone bakal gawe sengsarane, atine dadi prihatin. Mangka yen nganti dikandhakake, Paijo wedi karo ipat-ipate jin sing uga nduwe kaluwihan kuwi. Atine bingung.
Ning bareng ngerti Prawoto lagi lungguh ijen, merga Sekar lagi reresik awak (adus), Paijo nyedhak karo kandha :
“Juragan, sarehne penjenengan punika mangkeh samandhapipun saking kapal tansah badhe manggih rubeda, keparenga kula njagi kawidadan panjenengan, punapa kemawon ingkang kula tindakaken, penjengengan kula suwun mboten usah elik-elik utawi nyaruwe. Sedaya wau murih panjenegnan tansah manggih wilujeng, badhea tumindak kula punika cengkah kaliyan kersa panjenengan.” Wangsulane Prawoto kanthi mesem :
“Iya, kang, aku saguh, awit aku percaya yen kabeh sing mbok tindakake kuwi mesthi becik kanggo aku.” Bareng wis kandha ngono, atine Paijo njur dadi tentrem. Genep layar telung ndina, esuk iku kapal wis mepet pelabuhan. Putri Sekar seneng banget atine, nonton kahanan luwih reja lan rame timbang tanah wutah getihe.
Atine wis mantep ana sisihe jaka bagus Prawoto kanggo selawase. Nalika mudhun saka kapal nggandheng putri Sekar, kabeh wong padha nyawang lan gumun marang kasulistyane putri Sekar Sumirat. Dumadakan lagi entuk pirang njangkah ing gisiking samodra, sang abagus krungu pambegingehing kuda, lan banjur weruh kuda gagah ules kuning sing becik katuranggane.
Pepenginan numpaki jaran tuwuh, wusana Prawoto nyedhaki kuda mau, gage diplayoni Paijo. Lagi wae Prawoto arep nyengklak, kanthi cepet Paijo ngunus pedhang disabetake ing gulune kuda mau, sing tatune jero banget. Kuda mau nggloso ambruk, kojel-kojel sedhela banjur mati.
Paijo gage nggandheng Prawoto dijak nerusake laku. Kanthi ati cuwa Prawoto manut. Mlebu ngomah dipapak para buruh kanthi ati bungah, dene Prawoto ngrangkul kekasihe semu dipamerake marang para buruh-buruhe. Kabeh padha eram, lan nyawang ngowoh ndulu kasulistyane sang ayu.
Bareng wis ngombe lan lungguhan ing kamar tamu kanthi pacitan sing mirasa, Prawoto nggandheng putri Sekar diajak nyedhaki meja dhahar.
Paijo prayitna, gage nyandhak wadhah uwuh, panganan sing ngemu darubeksi disaut ditumplaki ing wadhah uwuh, sing keri mung sing disedhiyakke para rewange. Mangka sejatine, Prawoto kepingin banget ngrasakke salah siji dhaharan sing ditumplaki mau, kayane kok menginke banget.
Atine cuwa, ning piye dheweke ora wani apa-apa, bisane mung meneng. Sawise banjur padha bebarengan dhahar, sing dihidangke masakane pancen nikmat tenan. Putri Sekar wis njur krasan ana kono, wis lali karo wong tuwane.
Mulane Prawoto njur rerembugan karo Paijo, piye yen putri Sekar njur dinikah resmi wae, rampung iku njur pista sakadare tanpa ropyan-ropyan, ngelingi yen putri Sekar mono, entuke mung sarena dibradhat, ora resmi dilamar. Paijo setuju banget, kepyakan/mantenan climen tumuli ditindakake.
Sawise kabeh purna lan resmi dadi bojone, Prawoto lan putri Sekar Sumirat sing manten anyar kuwi, tansah runtung-runtung, prasasat ora ginggeng serambut. Apa panjaluke putri Sekar tasnah diugung lan dituruti. Kabeh rewang-rewange tansah leladi, apa sing dikarepake juragane putri. Ing sawiji dina Prawoto arep ngajak plesir bojone.
Nalika mlebu kamar busana arep padha dandan, Prawoto weruh sandhangan satumpuk sing disulami prada lan benang emas, katon pating glebyar mencutake. Putri Sekar ngajak nyedhaki sandhangan mau, sire arep nganggo salah siji milih endi mengko sing disenengi. Lagi wae arep nyedhaki tumpukan sandhangan mau, ndadak Paijo saka mburi ngukup sandhangan satumpuk mau digawa metu banjur diobong.
Prawoto lan bojone gumun weruh kuwi kabeh. Rasa cuwa lan mangkel tuwuh ing atine.
Genea dheweke pijer digawe gela lan wirang sing dibolan-baleni neng ngarepe bojone ? Mangka ketoke putri Sekar kepingin banget nganggo sandhangan kuwi.
Mangkel lan cuwane ati sepisan iki ndayani bruwala lan nesune ora kena diampah. Wayah awan, nalika putri Sekar lagi ngaso turu, Prawoto nemoni Paijo karo wis ketok peteng ulate. Kandhane :
“He, kang Paijo, genea kowe tansah gawe kagolku, wirangku, ing sangarepe bojoku? Apa kowe meri kabegjanku nduwe bojo ayu? Saiki kondhoa! denea kowe bola-bali gawe kagolku?” Karo ndhungkluk tumungkul, Paijo mangsuli sareh :
“Dhuh juragan ingkang kula tresnani, kula namung ngestokaken welingipun keng bapak swargi juragan Harjo, kapurih momong, ngawat-awati lan njagi kasugengan penjenengan.”
“O … dadi ngono ta carane. Dadi gawe gela, kagol, lan wirang kuwi buktine anggonmu momong lan ngreksa neng aku?”.
“Dhuh juragan, kula mboten saget matur, margi menawi kula wedharaken kula badhe kenging wewelak utawi pangipat-ipat.” Krungu wangsulan ngono mau, Prawoto saya nesu, mergane kaya-kaya ora ketemu nalar. Mula gage prentahe :
“Kang Paijo, aku emoh krungu wangsulanmu sing ora ketemu nalar kuwi. Pokoke kowe kudu blaka, perkara ipat-ipat, ya sandhangen dhewe.” Krungu dhawuh mau, Paijo njur gage ndhodhok karo ngrangkul sikile bendarane kandhane karo nangis :
“O … yen mekaten juragan mudha ingkang kula tresnani, kanthi medharaken wewados punika kula nyuwun pamit, namung dumugi semanten anggen kula njagi kawilujengan penjenengan.”
“Ketang agenging setya tuhu kawula netepi janji dhateng welingipun keng bapak Suwargi. Kula mejahi kuda, numplaki dhedharan, lan mbesem busana satumpuk punika, margi milujengaken panjenengan. Kuda, dhedharan, lan ageman wau panjal maning jin ingkang badhe damel sangsara panjenengan, mila enggal kula singkiraken. Sedaya wau awit dhawuhipun pak Pitrajaya, madosi putranipun ingkang penjenengan glandhang dados garwa. Pak Pitrajaya mboten remen dhateng cara penjenengan. Ketang agenging tresna kula dhateng penjenengan, kanthi cara punapa kemawon, kula tansah mbudidaya kersa penjenengan kelampahan.” Bubar kandha mengkono, Paijo ngadeg sedhakep ing ngarepe Prawoto karo mesem kandha : “Juragan kula nyuwun pamit.”
Sawise ngucap mengkono, mbaka sithik awake Paijo malih dadi watu. Jlek … dadakan Paijo dadi reca, ngadeg nggejejer ing ngarepe Prawoto. Kena ipat-ipate jin sing memba manuk gagak, sing mencok ing cagaking layar kapal dhek semana.
Prawoto kaget, nubruk reca ing ngarepe karo nangis ngguguk, nagisi pamonge sing banget setya ing janji kuwi saiki wis dadi watu.
“Oh … getun keduwunge tanpa upama. Saiki lagi kelingan wekase Paijo, yen dheweke tumindak apa-apa aja nganti dicanthulani, jer kabeh mau kanggo njaga keslametane dheweke. Prawoto anane mung getun … getun sing tanpa upama.
Ning njur arep ngapa, wong nyatane kabeh wis kebacut. Eling uga lupute marang pak Pitrjaya anggone wis ngglandhang putri Sekar anake. Wong tuwa ngendi sing ora sedhih lan nesu, yen anake dibradhat digawa minggat? Mula bareng pikirane wis wening, niyate arep mara neng nggone sing saiki wis dadi maratuwane, ya pak Pitrajaya, bebarengan bojone ya putri Sekar Sumirat.
Satekane ing pulo Selayar, tanah kelahirane putri Sekr, Prawoto terus sedhoprok sungkem ing ngarepe maratuwane asrah kaluputan, lan nyuwun pangapura ditutwuri bojone.
Pak Pitrajaya weruh putrine sing katone urip seneng lan mulya atine, wusana luluh nesune, pulih welas lan tresnane neng anak, kekarone banjur dirangkul kenceng karo kandha :
“Wis-wis ngger anakku sakloron, yen uripmu pancen wis rumangsa seneng lan mulya, aku wong tuwa mung melu bungah. Kabeh kaluputanmu wis tak apura.” Krungu iku Prawoto lan putri Sekar banget bungahe.
Bareng wis padha ngaso banjur padha crita sasuwene ora padha ketemu, antarane putri Sekar lan bapakne.
Prawoto uga ora lali nyritakake lelakone pamonge, ya si Paijo sing kena wewalake gagak, nganti saiki malih dadi reca. Pak Pitrajaya kandha :
“Anakku Prawoto, sarehne aku wis ngapura dosamu, ipat-ipat saka gagak kuwi bakal ndak jabel. Yen kowe nyata tresna neng pamong ya rewangmu Paijo, kowe tak tundhung ndang balia. Kondhoa neng ngarep recane Paijo njaluk pangapura, lan janji yen kowe bakal nimbangi setya marang dheweke salawase urip. Anggepen dheweke kuwi sedulurmu lanang. Aku percaya, yen ipat-ipate manuk gagak bakal luntur, kaya dene luluhe atiku marang kowe sakloron.”
Prawoto lan bojone ngestokke dhawuhe, mula bareng wis mari kesel, banjur pamit arep bali mulih, ngecakke kabeh pakone pak Pitrojaya, daya-daya arep ngerti mengko piye dadine. Mudhun saka kapal, Prawoto lan bojone njujuk ing ngarepe recane Paijo. Disawang reca kuwi kanthi ati trenyuh, njur ndhodhok neng ngarep reca iku karo kandha :
“Kang Paijo, aku luput, kang, dene ora ngregani katresnan lan kasetyanmu, nganti kowe wujud dadi reca. Saiki aku getun, kang, aku kapok, aku njaluk pangapura. Aku janji, arep nresnani kowe lan nimbangi setyamu neng aku. Aku kepingin bali kaya biyen, kang, neng ngendi-endi mbok kancani, atiku tansah ayem tentrem.”
Ketang nggrantese atine, kandha ngono mau karo ngguguk nangis ngrangkul sikile reca.
Tan kocapa, watu sing dirngkul kenceng kuwi, saya suwe saya empuk, Prawoto kaya ngrangkul sikil biasa.
Bareng nyawang munggah … ilang pethane reca, sing ana Paijo rewange, sing uga nangis ngrangkul dheweke. Wong loro reruketan kenceng kebak kabagyan lan kabungahan. Pancen kasetyan lan tresna asih iku, ajine ngungkuli sakabehe.

CAMPURSARI

Campursari

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Campursari iku sawijining jenis tembang cara Jawa sing sajatine campuran saka gamelan Jawa lan piranti musik modern.Campursari kang ngemot pirang-pirang aspek seni (sajroning lelagon pepak banget). Katitik saka lagu kang kerep dianggo campursari bisa awujud: lagu dolanan, langgam, macapat, tembang gedhe, sekar gendhing, bawa, umpak-umpak, lan sanes-sanesipun. Tokoh campursari sing kondhang, yaiku Manthous saka Gunung Kidul.Katitik saka instrumen kang dianggo bebarengan kanthi trep, nganti kepenak dirungokake. Gabungan instrumen kasebut diangkah supaya tinemu harmoni seni campursri. Instrumen campursari kang kerep kanggo kayata kendhang, demung, gong, rebab, piano lan gitar.Lelagon campursari mono kang baku seneng, gumyak, lan nges swasanane. Padatan campursari kerep kanggo nglipur ing pahargyan, embuh iku mantenan, sunatan, tasyakuran lan liya-liyane.Campursari uga asring dianggo dening pendhagel, gara-gara ing wayang kulit, utawa wayang wong, limbukan wayang kulit, dhagelan ing kethoprak lan sapanunggalane.

Bab lan Paragraf

[delikna]

Wujud Campursari

Lelagon campursari

  • Gethuk.
  • Tambat Ati
  • Nonong
  • Randha Kempling
  • Reformasi
  • Hewes-Hewes
  • Cucak Rowo
  • Mbah Dukunng,

Lelagon sekar gendhing campursari

  • Wahyu
  • Ayak Pamungkas
  • Rangu-Rangu
  • Puspa Giwa
  • Gandamastuti
  • Umbul Donga

Macapat campursari

  • Asmaradana  : Anjasmara Arimami
  • Dhandhanggula  : Sidaasih, Turu Lare
  • Mijil Kethoprak  : Dedalane

Pucung dolanan campursari

  • Dhayohe Teka
  • Turi-Turi Putih
  • Aja Lamis
  • Buta Galak
  • Iris-irisan ela
  • Canthing
  • Jali.

Penembang campursari