Kamis, 03 Maret 2011

KUMPULAN GEGURITAN

Enget Gusti Kang Peparing

Para kadang mitra sing padha mirsani layar kaca
Kabar sing kita ngerteni ing saben ndina
Anane mung musibah, ya banjir.... ya lemah longsor .....
Ya tabrakan .... ya merga kaaningaya ....
Sing kabeh mau mesthi nggondhol nyawa
Asihing paseduluran, raketing kekadangan... Oh saiki kabeh wis musna
Mbarengi ilang kumandhange Panca-Sila
Sing dadi dhasar lan adeg-adeging nagara kita
Yen manungsa wis padha kelangan katresnan lan welas asih
Apa sing bakal dumadi ing negara iki sing nandhang lesut lan nglentrih?
Manuk-manuk kelangan panunupan wis ora padha keprungu ngoceh
Ning ganti manungsane sing dedreg rame bobrah-babreh
Kabeh ngaku pinter......, kabeh ngaku pener ... lan bener. Ning piye nyatane?
Dhuh Gusti ingkang Murbeng dumadi
Paringa aksama dhateng titah Paduka manungsa sadaya
Paring dalem pepeling kawula tampi kanthi manah wening
Supados kawula tansah enget dhateng Gusti ingkang peparing



Tangise Bumi Pertiwi

Nalika aku lagi nganggit gurit sing ndak tulis iki
Ing pangrunguku sing lamat-lamat nggriyeng panangise Bumi Pertiwi
Nangisi bangsaku, sing saiki awatak srakah wengis lan mentalan ati
Denea kok jebul wis padha kelangan kamanungsan lan ati nurani ?
Yen panemu sing cengkah njur gampang dadi crah dadi uredah, yen ati wis bruwala tegel ngobong omah.
Merga meri kabegjane sesami, njur thukul rasa drengki, nganti tega gawe pepati
Rerusuh, sara, njalari getih seger wutah, mblabar ing ngendi-endi.
Oh ….. mripat-mripat kuwi wis padha wuta, tanpa welas nyawang bocah lan bayi sing digawa mlayu ngungsi.
Seneng nyipta swasana sing maune tentrem dadi onar, bungah yen ana wong tetangisan, kamigilan lan keweden.
Apa ya iki ta sing pada diarani akses reformasi ?
Mbok padha mawas dhiri, apa ora kebablasen ta, olehe padha negesi ?
Mangka sakawit, ing pangangkah ha rak mbudidaya murih rakyat kerta raharja lan murah rejeki.
Ning piye ta nyatane ? Dina-dina sing rinungu kok mung warta pangrodapeksa, akehe durjana, kawiyake tindak culika sing nggondhol nyawa, lan kabeh warta sing bisa gawe giris lan mirise nala.
Wis-wis saiki eling, Gusti wis akeh paring pepiling lan uninga,
Ya kanthi anane bencana sing jumedhul ing saindhenging Nuswantara sing maneka warna.
Ayo, saiki ngakehi ndedonga dimen kalis ing sambekala.
Nyusun slamet, slamet, slamet, sakulawarga, sarta sakeh kadang lan kabeh pawong mitra.
Amin … Amin … Amin.




Pasrah

Kalaning sepi ngrintih tangisku jroning kalbu
Sumangga katiyungna asta Paduka dhuh Gusti, murih tentrem manah kawula
Tangising ati trenyuh pindha tembang megatruh
Ngapa aku kudu ngadhuh, yen lelakon kudu tinempuh ?
Senajan lakune prauku iki wis keplantrang
Nanging pandomku isih ngegla ing tawang
Ora ilang anggonku tansah nderes roncening rosari
Sing kuwawa gawe ayem lan tentreming ati

Janji bun esuk isih tumetes ing bumi
Aku percaya yen pang garing sing ndak enciki bakal semi
Marang samodra lan langit biru aku rangu-rangu
Denea ombakmu nyempyoki ngrerendheti lakuku
Mangka gisik durung mantra-mantra katon
Banjur mbesuk kapan binuka lan badharing lelakon ?
Ati iki bisane mung pasrah … sumarah ……….
Nduwa sesanggan lan nulak kumlebate karep rakah
Dhuh Gusti, namung Paduka prajaring pamothah lan dununging panembah


NGUDI AYEM TENTREM 


Senajan numpuk bandha lan rajabrana, durung karuwan gawe ati mulya
Durung mesthi duwe omah gedhong magrong-magrong, atine sing manggon iku bombong
Lha piye yen entuke kabeh mau sarana dalan sidhatan ... laku slundhitan
Seneng nyaut darbeking liyan, dumeh kuwasa, lan entuk kalodhangan
Eling yen kabeh mau Pangeran sing mernata lan paring pinta
Laku dudu, kesrakahan, pethekosan, gegayuhane bakal cabar ora ketekan
Barang ala mono, ditutupana, suwe-suwe bakal kawiyak lan sumebar warata
Becik sregep makarya, mbudidaya, kanthi lugu lan prasaja, Pangeran mesthi paring marga
He para kadang lan para putra, ayo kita nyawiji, rukun, saiyeg saeka praya
Ngudi samubarang sing luhur lan suci, nyingkiri laku ala lan nistha
Sing isih mudha, rosa lan sembada, aja ketungkul suka parisuka
Jangkahmu isih amba, dina ngarepmu isih bawera, terusna mbudidaya
Dimen kecekel gegayuhanmu, urip mulya, tinresnan ing kadang mitra
Nyukuri kabeh peparinge sing Kuwasa, apa wae sing wis kita tampa
Kebak pasrah lan sumarak, bakal ayem tentrem urip kita
Pinaringan tutug momong garwa putra, lan marang para wayah paring pitutur lan tuladha
Yen kabeh wis kacakup urip ayem tentrem bakal kasalira sok sapaa


Ngadhepi Panguripan

Ngadhepi rekasaning urip sing waktu iki pancen gawe sumelang melang-melang
Reregan kabeh mundhak ndedel madhani awang-awang
Gek kebutuhan urip, panjaluke isi weteng ngelih, ora bisa dinyang
Kayata kumliking weteng tansah keprungu ngumandhang
Mangka kahanan wis ora ana sing kena disawang
Njur iki tekan kapan ?, apa sing bisa tak tindakke ?
Wong nyatane ya akeh kancane, sajake ya padha penandhange
Ngapa aku kudu sumelang ..... wedi lan bingung ?
Toh aku nduwe gondhelan sing bakoh lan santosa
Gusti ora sare ......., tansah midhangetake panyuwune umate
Janji aku tansah jumengkah, mbudidaya lan ndedonga
Pangeran bakal tansah peparing apa kang sinedya
 





 

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar